Selasa, 27 November 2012

PENGETAHUAN TENTANG WAHYU MAKUTHA RAMA

WAHYU MAKUTHA RAMA ( ASTHA BRATA )

Astha Brata yaiku wahyu keprabon utawa kepemimpinan ,kang njupuk tuladha sifat utawa watake 8 dewa lan watake 8 unsur alam .Watake 8 dewa lan watake 8 unsur alam yaiku ;(1) Bathara Wisnu watake bumi,(2) Bathara Bayu watake maruta/angin (3) Bathara Baruna watake samodra/banyu ,(4),Bathari Ratih watake candra /rembulan ,(5) Bathara Surya watake surya /srengenge ,(6) Bathara Indra watake akasa/langit ,(7) Bathara Brahma watake dahana /geni ,lan (8) Bathara ismaya watake kartika/lintang .

1) Sifat Bumi
     Nduweni sifat sabar kang tanpa upama ,senajan di pacul ,diluku ,lan di garu nanging malah ndadekake kasuburan kang bisa nuwuhake sawernane tetanduran kang bisa di unduh ,menehi sakabehing kang di kandhut ing sajerone bumi tanpa bisa entek marang sapa wae ,ora pilih kasih ,menehi panguripan marang sakabehing makhluk ,jalma manungsa ,kewan lan thetukulan .

2) Sifat Maruta (Angin)
    Rumasuk marang sakabehing panggonan tanpa pilih kasih,ora preduli panggonan resik,reged ,sumrambah sakabehing panggonan kanthi warata ,murakabi kanggo uripe sakabehing makhluk .

3) Sifat Samodra (Banyu)
    Nduweni watak adil lan legawa ,ora nduwe watak menange dhewe ,nduweni watak karukunan marang sakabehing makhluk .Sifat banyu sanajan dipisahake bisa piluh maneh ,uga nduweni sifat menehi panguripan ,keslemetan ,katentreman lan bisa nyucekake barang kang reged .Watake samodra nrima lan legawa nampa samubarang kang lumebu ,sanajan resik lan reged kabeh ditrima kanthi lila lan legawa ,amarga samodra iku jembar banget .

4) Sifat Candra (rembulan)
    Cahyane kang lembut menehi pepadang marang bumi saisine kanthi rasa seneng lan tentrem ,sifat luwes ,seneng marang sapadha-padha ,nuwuhake rasa tresna lan welas asih .

5) Sifat Surya 
    Bisa menehi pepadhang ,menenehi kekuatan ,menehi daya kanthi rata marang bumi lan sakabehing makhluk ing alam donya saisine .
6) Sifat Akasa
   Menehi pangayoman marang sakabehing makhluk tanpa pilih kasih,menehi keadilan mbagi mangsa.
7)Sifat dahan (geni)
    Nduweni sifat panglebur ,mbrastha angkara ,mbengkas karya,mrantasi gawe ,prakara cilik,prakara gedhe ,alus lan kasar bisa menthas amarga kekuatane geni.
8) Sifat kartika (lintang)
    Sifate tata lan tertib uga tangguh ora gampang kena pengaruh sapa wae ,bisa menehi panglipur kang lagi rekasa ,menehi panuntun marang kang lagi kebingungan .

Mangkono iku mau wedhare Astha Brata supaya bisa kanggo tepa tuladha tumrap pribadine dhewe-dhewe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar